Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 74.092 artikel
Colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya iku kasus colong-jupuk puluhan barang cagar budaya ing Musiyum Sanabudaya, Ngayogyakarta nalika 11 Agustus 2010. Kolèksi kang ilang cacah 87 iji (banjur ingambalan anggoné ngétung dadi 75 iji), racaké wujud tinggalaning Mataram Kuna lan Majapait kang bahané saka emas, sarta sawatara kolèksi kang bahan prunggu lan pérak. Salah siji barang kang kacolong iku Topèng Emas Nayan, mahakarya topèng emas wutuh siji-sijiné kang diduwèni musiyum ing Indonésia. Kasus colong-jupuk iki ora rampung sapréné lan barang-barang kang cinolong dinuga wis kaadol ing pasar peteng internasiyonal. Lelakon iki kaaran colong-jupuk kolèksi musiyum kang gedhé dhéwé ing sauruting sajarah Indonésia. Kawit ana lelakon colong-jupuk iku, yasan musiyum saiki kapasangan luwih akèh kamérah pamawas ing kabèh kamar pamajangan. Musiyum uga kapirantèn alarem antimaling lan cacah kang jaga baya diundhakaké. Manut UU No. 11 Taun 2010 bab Cagar Budaya, yèn siji barang cagar budaya ilang lan ing sajroné enem taun durung tinemu bakal kabusek saka pratélan barang cagar budaya nasiyonal. (Waca candhaké)
Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 63.606 akun lan 74.092 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
- 1574 - Guru Ram Das dados Guru Sikh kaping papat.
- 1999 - Rakyat Timor Wétan ndèrèk réferèndum kanggé nentokaken kamardikan.
- 1800 - Gabriel Prosser nglancaraken pambalélanipun para budak wonten ing Virginia, Amerika Serikat.
- 1813 - Perang Napoleon: Jenderal Prancis Dominique Vandamme lan ewon tentaranipun kasil dipuntawan déning pasukan Marsekal Michael Andreas Barclay de Tolly sasampunipun Pertempuran Kulm.
- 1862 - Perang Saudara Amerika: James Longstreet lan Stonewall Jackson mandhégani pasukan Konfederasi menangaken Pertempuran Ball Run Kedua.
- 1992 - Michael Schumacher dados jawara wonten lomba Formula Satu sepindah wonten ing Grand Prix Belgia.
- 2010 - Francisco Varallo, pamain bal-balan Argentina, pamain bal-balan pungkasan ingkang tumut main ing Piala Donya 1930, tilar donya mawi yuswa 100 taun.
- 2011 - Yoshihiko Noda (foto) kapilih dados Perdhana Mentri ka-62 Jepang.