Menyang kontèn

Adus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 8 Agustus 2017 06.07 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (→‎top: éjaan, replaced: Sajroning → Sajeroning)
Wong-wong wadon sing adus ing tlaga in Prayangan, Tatar Sundha awal abad kaping 20.

Adus (krama siram) iku aktivitas ngresiki awak nganggo banyu. Ing Tanah Jawa biasané wong adus ing kali utawa ing kolah. Sajeroning kolah wong bisa adus nganggo bak adus utawa èmber. Banjur jaman saiki kadhangkala uga nganggo kran shower.

Menawa adus nganggo wadhah banyu, awujud bak banyu utawa èmbèr, banyu dijupuk mawa cidhuk utawa gayung. Wong adus ngresiki awaké saliyané nganggo banyu, uga kerep nganggo sabun.