Tauhid
Praèn
Tembung tauhid iku asalé saka basa arab توحيد ateges nyawijèkaké. Ana ing bab aqidah Islam tauhid duwèni teges nyawijèkaké Allah ana ing sak kabèhé lelaku ngibadah. Para Ulama mbagi tauhid dadi telung werna yaiku : tauhid rububuyah, tauhid uluhiyah lan tauhid asma wa sifat
Tauhid Rububuyah
Tauhid rububiyah yaiku angimani bilih Allah iku siji-sijiné rabb ingkang nduwèni, nggawé lan ngatur jagad lan sak isiné. Kaya kasebut ing Al-Qur'an Az-Zumar ayat 62 : Allah sing nggawé sak kabèhé lan panjenengané sing ngopèni sak kabèhé
Tauhid Uluhiyah
Tauhid uluhiyah yaiku angimani bilih Allah iku siji-sijiné sing bener kanggo disembah.
Tauhid Asma wa Sifat
Tauhid asma wa sifat yaiku angimani bilih Allah nduwèni asma lan sipat apik (Asmaaulhusna)sing sak patrapé kaliyan keangunganipun Allah.