Anatomi manungsa
Praèn
Anatomi manungsa utawa antropotomi iku sawijining bidhang mligi jroning anatomi sing nyinaoni struktur awak manungsa, déné jaringan disinaoni ing histologi lan sèl ing sitologi.
Awak manungsa, kaya awak kéwan, dumadi saka sistem, sing dumadi saka organ-organ, sing dumadi saka jaringan, sing dumadi saka sel.
Pirsani sajarah anatomi kanggo sajarah anatomi, klebu anatomi manungsa.
Sistem awak manungsa
- Sistem kardiovaskular: mompa getih menyang sakojur awak
- Sistem pancernan: pamrosesan panganan ing tutuk, weteng, lan usus
- Sistem endokrin: komunikasi jroning awak kanthi hormon
- Sistem kekebalan: mempertahanaké awak saka serangan sing nyebabaké panyakit
- Sistem integumen: kulit, rambut
- Sistem limfatik: struktur sing magepokan karo transfer limfa antara jaringan lan aliran getih
- Sistem otot: ngobahaké awak
- Sistem saraf: ngumpulké, ngirim, lan mrosès informasi jroning utek lan saraf
- Sistem reproduksi: organ sèks
- Sistem ambegan: organ sing digunakna ambegan, paru-paru
- Sistem rangka: sokongan lan perlindungan struktural nganggo balung
- Sistem urin: ginjal lan struktur sing dihubungaké jroning prodhuksi lan ekskresi urin
Diagram anatomi manungsa
Diagram anatomi manungsa
1. Sirah 2. Rai:Bathuk, Mata, Kuping, Irung, Tutuk, Ilat, Untu, Uwang, Pipi, Janggut 3. Gulu, Tenggorokan, Jakun 4. Pundhak 5. Dhadha, Payudara, Iga 6. Udel 7. Weteng, Pinggul 8. Organ sèksual 9. Penis/Skrotum utawa Klitoris/Vagina 10. Pupu 11. Dhengkul 12. Kéntol, gares 13. Ugel-ugel sikil 14. Dlamakan, Tungkak(Tumit), Driji sikil 15. Lengen 16. Sikut 17. Ugel-ugel tangan 18. Tlapak tangan, Driji tangan (Jempol, Panuding, tengah, manis, Jenthik
|
Organ njero
Jeneng umum organ njero (sacara alfabetis) :
- Adrenalin - Appendiks - Duodenum - Esofagus - Ginjel - Ati - Jantung - Kantung empedu - Kandhung kemih - Kulit - Kunci paha - Limpa - Mata - Utek - Ovarium - Pankreas - Paratiroid - Paru-paru - Lambung - Pituitari - Prostat - Rahim - Thymus - Tiroid - Usus - Vena - Zakar
Anatomi utek
- Amygdala — Batang utek — Cerebellum — Korteks serebral — Hipotalamus — Sistem limbik — medulla — utek tengah — Kelenjar pituitari — pons
- Lihat juga: Utek manungsa, Daftar regio dalam utek manungsa
Sinau anatomi manungsa
Sawetara profesi, khususé kedokteran lan fisioterapi, merlokaké studi anatomi manungsa sacara mendalam. Buku teks biasané mérang awak jroning klompok regio ing ngisor iki:
- Sirah lan Gulu — klebu kabèh sing ana ing sadhuwuring cerukan dhadha
- Ekstremitas ndhuwur — klebu tangan, lengen ngisor, lengen ndhuwur, pundhak, aksilla, regio pektoral lan skapula.
- Thoraks — isiné regio dhadha saka cerukan dhadha nganti diafragma thoraks.
- Abdomen — kabèh wiwit saka diafragma thoraks nganti pinggir panggul utawa cerukan panggul.
- Bagian mburi — saubengé balung mburi lan komponen-komponené, cakram lan badan intervertebral
- Pelvis lan Perineum — pelvis dumadi saka kabèh wiwit cerukan panggul nganti diafragma panggul. Perineum yakuwi regio antara area genital lan anus.
- Ekstremitas ngisor — biasané kabèh ing sangisoring ligamen inguinal, klebu pupu, sendhi balung pupu, sikil, lan tapak sikil.
Deleng uga
- Anatomi
- Bolongan awak
- Pepati — akibat fisik pepati
- Manungsa
- Biologi manungsa
- Istilah lokasi anatomi
- Daftar ciri anatomi manungsa
- Istilah bagéan anatomi sing asal saka jeneng wong
- Dalam regio jroning utek manungsa
- Daftar balung rangka manungsa
- Daftar otot awak manungsa
- Daftar jinis sèl sing béda jroning awak wong diwasa
Pranala njaba
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Human Anatomy. |
- Human Anatomy Images - Perpustakaan klip Anatomi Manungsa 3D luas dengan semua clip art gratis.